Search something?

Kamis, 12 Juni 2014

Dadi ngene...Prasojo

Ngene lho, Cah, critane...

Aku iki sik gregeten karo wong sing antik. Kan aku kenal wong lanang tur bagus rupane, anggep ae jenenge Prasojo. Pertama ketemu Prasojo, menurutku wonge biasa ae. Trus pas krungu wonge ngomong, lha dalah, koq logate khas Bali. Sing mesti deweke yoo wong Indonesia. Saka daerah endi? Rahasia! Heheheee...


Prasojo iki menengan, tapi ujug-ujug turu. Untung ae ora ngiler utowo ngeces. Hohooo. Yen ono wong sik lagi seneng-senenge ngomong, nah Prasojo iso merem koyo wong semedi. Tibake wis ngimpi. Hihiii...

Nah, ing sawijining sore, aku lan kanca-kancaku, wong telu wadon kabeh tur ayu, arep mlaku-mlaku tuku kembang. Kembang kuwi ora arep dienggo nyekar, ning arep ditandur. Yoo, ditandur ning ati. Masya udan deres, tapi yoo tetep sumringah. Tuku kembang pancen gawe bungah ati.

Pas meh mangkat, ee enek SMS alias layang cendhak saka Prasojo.

Eng ing eng... Bla bla bla...

Lho, lho, lho...
Mung ukara cendhak kuwi sing langsung ucul saka ilatku.

Saka layang cendhak kuwi, Prasojo takon marang aku lan kanca-lanca:
'opo arep tuku kembang dienggo si Maradona?'

Deweke uga ngabarne yen
'kanca-kanca sing liyane wis tuku kembang dienggo si Dumbledore, Snape, Hermione, Harry, lan Ron.'

Wah kuwi jenenge DISKRIMINASI!
Mosok merga Maradona kuwi pemain bal-balan saka Argentina, trus malih ora ditukokne kembang?
Ngopo coba kanca-kanca sing liyane kuwi mung tuku kembang dienggo lakon wayang Harry Potter?

Pikirku, yoo embuh Maradona, yoo embuh Harry Potter, sing jelas kabeh kuwi kanca-kanca. Sing jelas kabeh manungsa. Sing jelas kabeh pantes entuk kembang merga duwe prestasi.

Coba saiki nonton bal-balan. Ethok-ethoke negoro Argentina dadi juwara Piala Dunia. Tim Argentina cacahe ono 25 uwong. Lha opo yoo tumon yen sing entuk medali emas mung wong 11?

Utowo, coba nonton pertandingan tampekan. Misale Susi Susanti lan Alan Budikusuma dadi siji ning tim ganda campur baur, trus menang. Lha opo iyo sing entuk medali mung Susi Susanti?

Yoo ora tho yoo!
Yen tim sing menang yoo kabeh anggota tim entuk medali.

Lha kuwi sing kedaden marang aku lan Prasojo.
Prasojo duwe karep yen deweke mung pengen tuku kembang dienggo kanca-kanca sing podho kara deweke. Sing bedo, ora diwenehi. Lha aku, wis wiwit awal mikir yen arep tuku kembang dienggo kabeh kanca-kanca. Ora praduli, kancaku wis duwe anak piro, milih presiden sopo, utowo ngingu sapi piro.

Sing penting, tim Indonesia menang. Tim kuwi anggotane ono 9 wong kang bagus lan ayu. Yoo wis, kabeh entuk kembang.

Nah, wiwit saka layang cendhak kuwi, aku nesu. Ora mung nesu, tapi rasane wis pengen ngamuk. Perkarane ngene, Prasojo nulis bab agama lan suku. Aku ora patio nggagas wong duwe agama opo, keturunane sopo. Tapi yen agama lan suku kuwi didadekne piranti ngge nyerang wong liya, nah kuwi sing aku ora seneng.

Prasojo sing mung mikirne agamane. Prasojo sing mung mikirne sukune. Prasojo sing mung mikirne telek kicek. Yoo ngono kuwi si Prasojo sing dadi lakon nang crito iki.

Prasojo sing mesakne, sing pikirane cendhak...
Aku kudu ngomong saiki yen Prasojo wis ora bagus maneh ngge aku. Apik-apike wis entek...

Sepisan aku tau eyel-eyelan karo Prasojo bab kembang abang lan kembang putih ngge kanca-kanca. Wiwitane aku lan Prasojo wis sepakat arep urunan dienggo tuku kembang putih. Lha koq mak bedunduk, Prasojo njaluk tuku kembang abang. Ngomong ae ket mau yen pancen ora gelem melu urunan. Yo aku ra popo. Ora perlu tho ndadak gelem urunan, tapi isih tuku sing liyane. Sing luwih ngregetne, kembang kuwi ora diwenehne marang kanca-kanca. Deweke ngomong yen kembange ilang!

Biyuh, aku langsung ngomel-ngomel. Sopo sing ora pegel, coba?

Ora mung mergo kelakuane Prasojo sing ketoro banget bedane marang wong sing agama lan sukune liyo. Nanging yoo uga mergo Prasojo dhemen nggodhani wong wadon. Nggodhani iki artine ngapusi. Yen kowe duwe utang 110, yoo ngomong ae duwe utang 110, ora ngomong duwe utang 50. Nah, yoo ngono kuwi Prasojo.

Sengojo ngomong utowo nulis kliru, supaya wong liyo nggatekne deweke. Biyuh! Ora ono gunane!

Ngge opo coba, Prasojo njaluk-njaluk digatekne wong wadon? Wis jelas-jelas ora gelem pacaran. Jare Prasojo ora doyan pacaran, je! Deweke pengen langsung dadi manten, amarga deweke ora gelem gawe wong wadon nangis yen pacaran. Yen wis ngono, yoo ora mathuk ae Prasojo ngomong ora doyan pacaran, nanging kelakuane nggodhani wong wadon.

Njur piye wong iso percoyo Prasojo?

Pancen Prasojo suwi-suwi tansaya megelne. Megelne amarga Prasojo pikirane cendhak. Sing ngomong bab rudal lah. Bab ora entuk ngene, ora entuk ngono-lah. Bab ngapusi lah. Bab keset lah...

Opo yoo tumon yen kabeh bangunan dianggep rudal mbledhos? Rudal yoo rudal, tembok yoo tembok. Ora usah kuwatir yen donya arep mbledhos mergo rudal. Donya iki mung iso mbledhos merga pikirane manungsa sing ora karu-karuan. Mergo dalan pikire sing njlimet, dadine kepengen ngrakit rudal.

Opo yoo tumon yen sengojo ngapusi supoyo digatekne wong wadon? Hey, hell no! Ngapusi, opo ae wujude, yoo tetep ngapusi. Ora ono jenenge kliru omong yen wis diniati saka ati. Ora ono jenenge lali yen wis dadi rencana.

Trus, opo yoo tumon yen kuwajiban diglethakne? Kuwajiban kuwi kudu dikaloni. Kuwi ding dadi pratanda yen wong iso dipercoyo. Wong kang iso ning ukara cilik, bakal ugo iso dipercoyo ning ukara gedhe.

Opo yoo tumon pas nggarap laporan koq malah nyonto wong liyo karo mesam mesem?
Mesam mesem gundhulmu amoh!

Yen ora godak nggarap laporan, yoo ngaku ae. Ora perlu tho ndhelik-ndhelik nyonto. Nyonto kuwi bibite nyolong duite wong liyo, duite negoro. Prasojo kudune iso dadi manungsa sing prasojo.

Ana kancaku sing nganggep yen Prasojo iki ilang sekrupe. Sakjane aku pengen ngamuk karo Prasojo, nanging aku eman tangan lan lambeku. Mangkane aku nulis iki ae supoyo ilang olehku nesu.

Wis embuh, cukup semene ae. Yen dowo-dowo nulise, tansaya dowo dosaku. Aku sengojo nulis ngge boso Jowo supoyo Prasojo iso ngerteni, iso luwih jeru yen ndelok awake dewe. Iso luwih mantep anggone urip neng donya.

Layang iki uga ngge awakku dewe, supoyo aku eling lan waspodo. Manungsa pancen akeh klirune. Manungsa, opo maneh koyo aku, kudu saben dina ngaca. Yoo, ngaca. Mlebu nang njero sukma.

Aku kudune luwih iso ngerteni wong kang duwe agama bedo, kang sukune bedo, kang pilihane bedo. Aku kudune uga luwih iso mesem, dowo pikire, adem atine. Aku manungsa kang koyo wedhi lan akeh wedine marang Gusti ingkang Maha Sae.

Duh Gusti, kula nyuwun kawelasan. Gusti nyuwun pangapunten.

Matur nuwun, sedherek!


Sakdurunge minggat saka layang iki, wis ayoo kabeh podho mesem nonton video iki:




2 komentar:

Unknown mengatakan...

sabar bu... seseorang yang membedakan sesama hanya dari SARA adalah orang yang gagal. berkah dalem.
NB: wahh, ternyata punya blog juga. bagus iki di link ke blogku. hehehe..

Kartika Paramita Klara mengatakan...

Itu memang orangnya 'ya elah bro', lha sudah hidup di negeri orang kan yaa pasti ketemu beragam suku bangsa & agama...koq masih aja cupet dengan keunggulan agama & sukunya sendiri, kan jadi apa itu namanya cahuvinisme yaa Lee?
Gimana cara blogroll? Aku tidak tahu, heheee...